O'clock

Senin, 11 April 2011

jenenge anak kewan

werna-wernane aran utawa jenenge anak kewan yaiku ;

Anak ayam : kuthuk
Anak babi : gembluk
Anak bandeng : nener
Anak banyak : blengur
Anak bantheng : wareng
Anak baya : krete
Anak bebek : meri
Anak brati : tongki
Anak bulus : ketul
Anak cacing : lur
Anak cecak : sawiyah
Anak celeng : genjik
Anak dara : piyik
Anak emprit : indhil
Anak gajah : bledug
Anak gagak : engkah
Anak gangsir : tlondho
Anak iwak : beyongan
Anak jangkrik : gendholo
Anak jaran : belo
Anak kadhal : tobil
Anak kancil : kenthi
Anak kebo : gudel
Anak kemangga : criwi
Anak kinjeng : senggutru
Anak kethek : munyuk
Anak kidang : kompreng
Anak kodhok : precil
Anak kutuk : kotesan
Anak kucing : cemeng
Anak laler : set
Anak lawa : kampret
Anak lele : jabrisan
Anak lemut : uget- uget
Anak lintah : pacet
Anak lutung : kowe
Anak macan : gogor
Anak manuk : piyik
Anak merak : uncung
Anak menjangan : kompreng
Anak menthog : minthi
Anak ngangrang : kroto
Anak pitik : kuthuk
Anak sapi : pedhet
Anak singa : dibal
Anak tawon : gana
Anak tikus : cindhil
Anak tuma : kor
Anak ula : kisi
Anak urang : grago
Anak warak : plencing
Anak wedhus : cempe
Anak welut : udhet
Anak yuyu : beyes

Namung sakedhik jenenge anak kewan ingkang saged kulo atur,menawi badhe tangled bentene malih insya allah tak goletaken jenenge anak kewan liyane.Matur nuwun sampun priksa maring blog kulo.

0 komentar:

Posting Komentar